-
2 Para Raja 25:6, 7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Bar kuwi, Raja Zédékia ditangkep+ lan digawa marang raja Babilon ing Ribla, terus dihukum. 7 Wong-wong kuwi matèni anak-anaké lanang Zédékia ing ngarepé Zédékia. Terus, Nébukhadnézar nggawé mripaté Zédékia dadi wuta, nalèni sikilé lan tangané nganggo ranté tembaga, lan nggawa dhèwèké menyang Babilon.+
-
-
Yérémia 39:5-7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Ning, pasukan Khaldéa ngoyak* wong-wong kuwi lan isa nututi Zédékia ing Padhang Gurun Yérikho.+ Terus, Zédékia ditangkep lan digawa marang Nébukhadnézar* raja Babilon, ing Ribla+ ing dhaérah Hamat.+ Ing kana, Raja ngukum Zédékia. 6 Ing Ribla, raja Babilon matèni anak-anaké lanang Zédékia ing ngarepé Zédékia. Raja Babilon matèni kabèh bangsawan Yéhuda.+ 7 Raja Babilon nggawé mripaté Zédékia dadi wuta, terus nalèni sikilé lan tangané nganggo ranté tembaga, lan nggawa dhèwèké menyang Babilon.+
-
-
Yérémia 52:9-11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Bar kuwi, Raja Zédékia ditangkep lan digawa marang raja Babilon ing Ribla ing dhaérah Hamat, terus dihukum. 10 Raja Babilon matèni anak-anaké lanang Zédékia ing ngarepé Zédékia. Dhèwèké ya matèni kabèh pemimpin Yéhuda ing kana, ing Ribla. 11 Terus, Raja Babilon nggawé mripaté Zédékia dadi wuta,+ nalèni sikilé lan tangané nganggo ranté tembaga, lan nggawa dhèwèké menyang Babilon. Zédékia dipenjara ing kono nganti mati.
-