-
1 Samuèl 2:7, 8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Yéhuwah isa nggawé wong dadi mlarat lan dadi sugih.+
Dhèwèké isa nggawé wong direndhahké lan diunggulké.+
8 Dhèwèké ngangkat wong cilik saka debu.
Dhèwèké ngangkat wong mlarat saka tumpukan awu,*+
Bèn wong-wong kuwi lungguh karo para bangsawan,
Bèn wong-wong kuwi nduwé kedudukan sing dhuwur.
Yéhuwah kuwi sing nduwé pondhasi bumi,+
Sing ndèlèhké tanah ing ndhuwuré.
-
-
Yérémia 27:5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 ’Aku iki sing nggawé bumi, manungsa, lan kéwan ing bumi nganggo kuwasa-Ku sing gedhé lan kekuwatan-Ku. Aku wis mènèhké kabèh kuwi marang sapa waé sing Tak senengi.+
-
-
Danièl 4:17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Kuwi keputusan sing disampèkké para utusan*+ lan diumumké para malaékat sing suci.* Kuwi kelakon bèn kabèh wong sing urip ngerti nèk Gusti Allah sing Mahaluhur kuwi Penguasané kerajaan manungsa+ lan nèk Dhèwèké mènèhké wewenang kanggo mréntah marang sapa waé sing Dhèwèké péngini, termasuk marang wong sing paling rendhah.”
-