Mazmur
Kanggo pemimpin musik: Nurut lagu ”Aja Nyingkirké”. Lagu sing digawé Asaf.+
75 Aku ngucap syukur marang Njenengan, Oh Gusti Allah, aku ngucap syukur.
2 Njenengan ngomong, ”Ing wektu sing wis Tak tentokké kanggo ngadili,
Aku bakal adil wektu ngadili.
3 Wektu bumi lan penduduké goncang,*
Aku sing bakal nggawé cagak-cagaké tetep kuwat.” (Sela)
4 Aku ngomong karo wong sing sombong, ”Aja nyombongké awakmu dhéwé.”
Aku ngomong karo wong sing jahat, ”Aja ngunggulké kekuwatanmu.*
5 Aja ngunggulké kekuwatanmu.*
Aja sombong wektu ngomong.
6 Sebab sing nggawé wong isa diunggulké
Kuwi asalé dudu saka wétan, kulon, utawa kidul.
7 Gusti Allah kuwi Hakim.+
Dhèwèké isa ngrendhahké lan ngunggulké wong.+
8 Yéhuwah nyekel gelas+
Sing isiné anggur sing wis dicampur lan sing wis metu busané.
Dhèwèké bakal ngesokké anggur kuwi,
Lan kuwi bakal diombé kabèh wong jahat ing bumi nganti bener-bener entèk.”*+
9 Ning aku, aku bakal saklawasé nyritakké sing wis ditindakké Gusti Allah.
Aku bakal nyanyi lagu pujian* kanggo Gusti Allahé Yakub.