PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Mazmur 45:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  6 Gusti Allah mènèhi njenengan kuwasa dadi raja saklawasé.*+

      Tongkat kerajaanmu kuwi tongkat keadilan.+

  • Yésaya 9:6, 7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  6 Ana bocah sing wis lair kanggo awaké dhéwé.+

      Ana bocah lanang sing wis diwènèhké marang awaké dhéwé.

      Bocah kuwi bakal nduwé hak kanggo mréntah.+

      Dhèwèké bakal disebut Penaséhat sing hébat,+ Gusti sing kuwat,+ Bapak sing ana saklawasé, lan Pemimpin sing nggawé rukun lan tentrem.

       7 Kuwasané bakal saya gedhé,

      Lan pamréntahané bakal terus nggawé rukun lan tentrem.+

      Dhèwèké bakal dadi raja kaya Daud,+

      Lan kerajaané bakal saya kuwat lan bakal ana sakterusé,+

      Merga dhèwèké bener+ lan adil+

      Saka saiki nganti saklawasé.

      Yéhuwah pemimpiné pasukan péngin banget nindakké kuwi.

  • Danièl 2:44
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 44 ”Ing jamané raja-raja kuwi, Gusti Allah sing nguwasani swarga bakal ngedegké kerajaan+ sing ora bakal dihancurké.+ Kerajaan iki ora bakal dikuwasani bangsa liya.+ Kerajaan iki bakal ngancurké lan ngremuk kabèh kerajaan mau.+ Mung kerajaan iki sing bakal ana* nganti saklawasé.+

  • Lukas 1:32, 33
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 32 Dhèwèké bakal dadi wong sing penting+ lan bakal disebut Anaké Sing Mahaluhur.+ Gusti Allah Yéhuwah* bakal nggawé dhèwèké dadi raja kaya Daud nènèk moyangé.*+ 33 Dhèwèké bakal dadi rajané keturunané Yakub nganti saklawasé, lan pamréntahané* bakal ana sakterusé.”+

  • Wahyu 11:15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Malaékat sing kepitu nyebul trompèté.+ Terus, ana swara-swara banter saka langit sing kandha, ”Kerajaané Gustiné awaké dhéwé+ lan Kristusé+ saiki wis mréntah donya, lan Dhèwèké bakal mréntah dadi raja saklawasé.”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim