PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Purwaning Dumadi 49:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Tongkat kerajaan ora bakal dijupuk saka Yéhuda,+ lan tongkat pamréntahan ana ing antarané sikilé, nganti Syilo* teka,+ lan kabèh wong bakal manut karo dhèwèké.*+

  • Mazmur 2:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  6 Dhèwèké kandha, ”Aku wis nglantik raja sing Tak pilih+

      Ing Zion,+ gunung-Ku sing suci.”

  • Matius 6:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Muga-muga Kerajaan-Mu teka,+ lan sing Njenengan karepké+ muga-muga kelakon ing bumi+ kaya ing swarga.

  • Lukas 22:29
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 29 Kaya Bapakku sing wis nggawé perjanjian karo aku, mula aku ya nggawé perjanjian karo kowé bèn kowé isa mréntah ing kerajaan,+

  • Yohanes 18:36
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 36 Yésus njawab,+ ”Kerajaanku ora padha kaya pamréntahan-pamréntahan sing ana ing donya.+ Nèk Kerajaanku padha kaya pamréntahan-pamréntahan sing ana ing donya, para pengikutku mesthi bakal nglawan bèn aku ora diserahké marang wong Yahudi.+ Ning, Kerajaanku ora padha kaya pamréntahan-pamréntahan sing ana ing donya.”

  • Wahyu 11:15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Malaékat sing kepitu nyebul trompèté.+ Terus, ana swara-swara banter saka langit sing kandha, ”Kerajaané Gustiné awaké dhéwé+ lan Kristusé+ saiki wis mréntah donya, lan Dhèwèké bakal mréntah dadi raja saklawasé.”+

  • Wahyu 20:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Sapa waé sing pertama diuripké manèh kuwi wong-wong sing bahagia lan suci.+ Wong-wong kuwi ora bakal ngalami+ kematian sing keloro.+ Wong-wong kuwi bakal dadi imam-imam+ kanggo Gusti Allah lan kanggo Kristus. Wong-wong kuwi ya bakal mréntah dadi raja bareng Kristus 1.000 taun suwéné.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim