-
Yérémia 27:6, 7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Aku wis nyerahké kabèh tanah iki marang abdi-Ku Nébukhadnézar+ raja Babilon. Malah kéwan liar ing padhang wis Tak wènèhké bèn nglayani dhèwèké. 7 Kabèh bangsa bakal nglayani Nébukhadnézar, anaké, lan putuné nganti tekan wektuné tanahé dikalahké.+ Wektu kuwi, dhèwèké bakal dadi budhaké akèh bangsa lan raja sing hébat.’+
-
-
Yérémia 50:1, 2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
50 Iki sing diomongké Yéhuwah liwat Nabi Yérémia soal Babilon,+ yaiku tanahé wong Khaldéa:*
2 ”Sampèkna ing antarané bangsa-bangsa, lan umumna.
Pasangen tandha sing nduduhké arah dalan, lan umumna.
Aja nganti ana sing mbok dhelikké.
Kandhaa, ’Babilon wis direbut.+
Bèl wis digawé isin.+
Mérodakh wis kewedèn.
Patung-patungé wis digawé isin.
Brahala-brahalané sing njijiki* wis padha kewedèn.’
-