-
Yérémia 25:9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Aku bakal ngundang* kabèh bangsa saka lor+ lan ngundang Nébukhadnézar* raja Babilon, yaiku abdi-Ku,”+ kandhané Yéhuwah. ”Aku bakal ngongkon wong-wong kuwi nyerang tanah iki,+ penduduké, lan kabèh bangsa ing sekitaré.+ Kowé lan kabèh bangsa kuwi bakal Tak singkirké, lan wong sing ngerti kuwi bakal dadi wedi lan ngrèmèhké.* Kowé lan kabèh bangsa kuwi ya bakal hancur saklawasé.
-
-
Danièl 2:37, 38Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
37 Oh Raja, njenengan kuwi rajané para raja. Gusti Allah sing nguwasani swarga wis mènèhi njenengan kerajaan,+ kekuasaan, kekuwatan, lan kemuliaan. 38 Gusti Allah wis nggawé njenengan nguwasani sak kabèhé. Manungsa sing manggon ing endi waé, kéwan ing padhang, lan manuk ing langit wis diserahké marang njenengan.+ Sirah saka emas ing patung kuwi+ nggambarké njenengan.
-