-
Yérémia 27:5-7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 ’Aku iki sing nggawé bumi, manungsa, lan kéwan ing bumi nganggo kuwasa-Ku sing gedhé lan kekuwatan-Ku. Aku wis mènèhké kabèh kuwi marang sapa waé sing Tak senengi.+ 6 Aku wis nyerahké kabèh tanah iki marang abdi-Ku Nébukhadnézar+ raja Babilon. Malah kéwan liar ing padhang wis Tak wènèhké bèn nglayani dhèwèké. 7 Kabèh bangsa bakal nglayani Nébukhadnézar, anaké, lan putuné nganti tekan wektuné tanahé dikalahké.+ Wektu kuwi, dhèwèké bakal dadi budhaké akèh bangsa lan raja sing hébat.’+
-