PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Ézra 1:1, 2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 1 Ing taun pertama pamréntahané Korès+ raja Pèrsia, Yéhuwah ngarahké Korès raja Pèrsia bèn nggawé pengumuman ing kabèh wilayah ing kerajaané. Kuwi kelakon bèn omongané Yéhuwah sing disampèkké Yérémia+ dadi kenyataan. Pengumuman kuwi ya ditulis.+ Isiné:

      2 ”Iki sing diomongké Korès raja Pèrsia, ’Yéhuwah, Gusti Allah sing nguwasani swarga, wis mènèhi kabèh kerajaan ing bumi marang aku,+ lan Dhèwèké nugasi aku mbangun omah kanggo Dhèwèké ing Yérusalèm,+ yaiku ing Yéhuda.

  • Yésaya 21:2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  2 Aku ndelok wahyu sing medèni:

      ”Bangsa sing licik padha berkhianat.

      Bangsa sing kejem nyerang bangsa liya.

      Hé Élam, majua. Hé Média,+ kepungen.

      Aku bakal ngendhegké kesusahan sing digawé bangsa kuwi.”*+

  • Yésaya 45:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 45 Aku, Yéhuwah, ngomong karo Korès+ sing Tak pilih,

      Wong sing Tak dhukung,*+

      Bèn ngalahké bangsa-bangsa,+

      Njupuk senjatané* raja-raja,

      Lan mbukak lawang ing ngarepé,

      Supaya gerbang-gerbang ora ditutup,

  • Yérémia 50:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  9 Aku nglumpukké bangsa-bangsa sing kuwat saka tanah lor.+

      Aku nggawé bangsa-bangsa kuwi nyerang Babilon.

      Bangsa-bangsa kuwi bakal ngatur barisan tempur kanggo nglawan Babilon,

      Lan Babilon bakal direbut.

      Anak panahé bangsa-bangsa kuwi kaya anak panahé pejuang,

      Sing nggawé wong tuwa kélangan anaké,+

      Sing ora tau mlèsèt saka sasarané.

  • Danièl 6:28
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 28 Mula, saksuwéné pamréntahané Darius+ lan pamréntahané Korès wong Pèrsia,+ apa waé sing ditindakké Danièl mesthi berhasil.

  • Danièl 9:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Iki taun pertamané Darius+ anaké Ahaswéros keturunané wong Média, sing diangkat dadi raja kerajaané wong Khaldéa.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim