-
2 Babad 36:22, 23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 Ing taun pertama pamréntahané Korès+ raja Pèrsia, supaya omongané Yéhuwah sing disampèkké Yérémia+ kelakon, Yéhuwah ngarahké Korès raja Pèrsia bèn nggawé pengumuman ing kabèh kerajaané. Pengumuman kuwi ya ditulis.+ Isiné: 23 ”Iki sing diomongké Korès raja Pèrsia, ’Yéhuwah Gusti Allah sing nguwasani swarga wis mènèhi aku kabèh kerajaan ing bumi,+ lan Dhèwèké nugasi aku mbangun omah kanggo Dhèwèké ing Yérusalèm, yaiku ing Yéhuda.+ Sapa waé ing antaramu sing dadi umaté, muga-muga Yéhuwah Allahé ndhukung wong kuwi. Wong kuwi bèn bali menyang Yérusalèm.’”+
-
-
Ézra 1:1, 2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
1 Ing taun pertama pamréntahané Korès+ raja Pèrsia, Yéhuwah ngarahké Korès raja Pèrsia bèn nggawé pengumuman ing kabèh wilayah ing kerajaané. Kuwi kelakon bèn omongané Yéhuwah sing disampèkké Yérémia+ dadi kenyataan. Pengumuman kuwi ya ditulis.+ Isiné:
2 ”Iki sing diomongké Korès raja Pèrsia, ’Yéhuwah, Gusti Allah sing nguwasani swarga, wis mènèhi kabèh kerajaan ing bumi marang aku,+ lan Dhèwèké nugasi aku mbangun omah kanggo Dhèwèké ing Yérusalèm,+ yaiku ing Yéhuda.
-