-
Èster 8:8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Dadi saiki, nulisa nganggo jenengku apa waé sing menurutmu apik kanggo kepentingané wong Yahudi. Terus, sahna kuwi nganggo cincin cap duwèkku, merga keputusan sing ditulis nganggo jenengé Raja lan disahké nganggo cincin cap duwèké Raja ora isa dibatalké.”+
-
-
Danièl 6:7, 8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Para pejabat kerajaan, penguasa dhaérah, wakilé Raja, pejabat tinggi kerajaan, lan gubernur sepakat nggawé keputusan lan larangan iki: Saksuwéné 30 dina, ora ana sing éntuk ndonga njaluk apa-apa marang déwa utawa manungsa, kecuali marang njenengan, oh Raja. Wong sing nglanggar préntah kuwi kudu diuncalké ing guwa* singa.+ 8 Mula oh Raja, tulung njenengan ngesahké+ surat keputusan iki bèn keputusan iki ora isa diubah, merga hukumé wong Média lan Pèrsia ora isa dibatalké.”+
-