-
Danièl 4:18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 ”’Aku, Raja Nébukhadnézar, ndelok kuwi ing mimpiku. Saiki, hé kowé Bèltesyazar, jelasna artiné mimpi kuwi merga ora ana wong wicaksana ing kerajaanku sing isa njelaské artiné.+ Ning kowé mesthi isa, merga kowé nduwé kuwasa saka para déwa sing suci.’
-
-
Danièl 5:11, 12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Ing kerajaanmu, ana wong lanang sing nduwé kuwasa saka para déwa sing suci. Ing jamané bapakmu,* dhèwèké nduwé pengetahuan, pemahaman, lan kawicaksanan kaya sing diduwèni para déwa.+ Bapakmu dhéwé, Raja Nébukhadnézar, ngangkat dhèwèké dadi kepalané para ahli ilmu gaib, peramal, lan ahli ilmu bintang+ ing Khaldéa.* 12 Wong kuwi jenengé Danièl. Raja njenengi dhèwèké Bèltesyazar.+ Danièl nduwé kemampuan sing luar biasa. Dhèwèké ya nduwé pengetahuan lan pemahaman kanggo njelaské arti mimpi, teka-teki, lan kanggo ngrampungi masalah sing angèl.+ Saiki undangen* Danièl, lan dhèwèké bakal njelaské arti tulisan kuwi.”
-