-
2 Para Raja 16:1-3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 Ing taun ke-17 pamréntahané Pékah anaké Rémalia, Ahaz+ anaké Yotam raja Yéhuda dadi raja. 2 Pas mréntah dadi raja, Ahaz umuré 20 taun lan mréntah 16 taun suwéné ing Yérusalèm. Dhèwèké ora kaya Daud nènèk moyangé. Dhèwèké ora nindakké sing bener kanggoné Yéhuwah Gusti Allahé.+ 3 Dhèwèké niru tumindaké raja-raja Israèl,+ malah anaké dhéwé diobong dadi korban,+ kaya kebiasaan sing njijiki sing ditindakké bangsa-bangsa+ sing diusir Yéhuwah saka ngarepé wong Israèl.
-