-
Kaimaman 20:2, 3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Nèk ana wong Israèl utawa wong asing sing manggon ing Israèl sing mènèhké anaké marang Déwa Molèkh, wong kuwi kudu dibandhemi* watu nganti mati.+ 3 Aku bakal nolak lan matèni wong kuwi* merga wis mènèhké anaké marang Déwa Molèkh lan nggawé panggonan suci-Ku lan jeneng-Ku sing suci dadi najis.+
-
-
2 Babad 33:6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Dhèwèké mbakar anak-anaké lanang+ dadi korban* ing Lembah Putra Hinom.+ Dhèwèké nggunakké ilmu gaib,+ ngramal, nggunakké sihir, lan ngangkat wong-wong sing isa ngundang arwah lan para peramal.+ Manasyé nindakké akèh banget perkara sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah, lan kuwi nglarani atiné Gusti Allah.
-