-
Yèhèzkièl 28:25, 26Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 ”’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Pas Aku nglumpukké wong Israèl saka bangsa-bangsa panggonané wong-wong kuwi dipencarké,+ Aku bakal nggawé bangsa-bangsa ngerti nèk Aku iki Gusti Allah sing suci.+ Wong Israèl bakal manggon ing tanah+ sing wis Tak wènèhké marang abdi-Ku Yakub.+ 26 Wong Israèl bakal manggon aman+ ing kono, terus mbangun omah lan nggawé kebon anggur.+ Pas Aku ngukum kabèh sing ana ing sekitaré, yaiku sing ngrèmèhké wong Israèl, wong Israèl bakal manggon aman.+ Wong Israèl bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah Gusti Allahé wong-wong kuwi.”’”
-
-
Yèhèzkièl 37:21Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
21 ”Kandhanana wong-wong kuwi, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Aku bakal nggawa wong Israèl saka antarané bangsa-bangsa sing ditekani wong-wong kuwi. Aku bakal nglumpukké wong-wong kuwi saka ngendi-endi lan nggawa wong-wong kuwi bali menyang tanahé.+
-