-
Pangandharing Torèt 30:5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nggawa kowé menyang tanah sing direbut nènèk moyangmu, lan tanah kuwi bakal dadi duwèkmu. Gusti Allah bakal nggawé kowé makmur lan nggawé keturunanmu dadi luwih akèh timbang nènèk moyangmu.+
-
-
Yérémia 32:15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan Gusti Allahé Israèl: ’Ing tanah iki, bakal ana manèh omah, ladhang, lan kebon sing dituku.’”+
-
-
Yèhèzkièl 28:25, 26Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 ”’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Pas Aku nglumpukké wong Israèl saka bangsa-bangsa panggonané wong-wong kuwi dipencarké,+ Aku bakal nggawé bangsa-bangsa ngerti nèk Aku iki Gusti Allah sing suci.+ Wong Israèl bakal manggon ing tanah+ sing wis Tak wènèhké marang abdi-Ku Yakub.+ 26 Wong Israèl bakal manggon aman+ ing kono, terus mbangun omah lan nggawé kebon anggur.+ Pas Aku ngukum kabèh sing ana ing sekitaré, yaiku sing ngrèmèhké wong Israèl, wong Israèl bakal manggon aman.+ Wong Israèl bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah Gusti Allahé wong-wong kuwi.”’”
-