PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 7:6-8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Kowé kuwi bangsa sing suci kanggoné Yéhuwah Gusti Allahmu. Saka antarané kabèh bangsa ing bumi,+ Yéhuwah Gusti Allahmu wis milih kowé dadi umaté, yaiku umaté sing istiméwa.*

      7 ”Yéhuwah nresnani kowé lan milih kowé+ dudu merga jumlahmu sing paling akèh ing antarané kabèh bangsa. Malah, jumlahmu kuwi sing paling sithik.+ 8 Ning, kuwi merga Yéhuwah nresnani kowé lan nepati sumpahé marang nènèk moyangmu.+ Mulané, nganggo kuwasané sing gedhé, Yéhuwah mbébaské* kowé saka panggonan wektu kowé dadi budhak,+ saka kuwasané* Firaun raja Mesir.

  • 2 Para Raja 13:23
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 23 Ning, Yéhuwah apikan, perduli,+ lan mesakké karo wong-wong Israèl kuwi merga perjanjiané karo Abraham,+ Ishak,+ lan Yakub.+ Gusti Allah ora péngin wong-wong kuwi disingkirké, lan ora mbuwang wong-wong kuwi saka ngarepé nganti saiki.

  • Mazmur 106:44, 45
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 44 Ning Gusti Allah ndelok pas wong-wong kuwi lagi susah+

      Lan gelem ngrungokké wektu wong-wong kuwi njaluk tulung.+

      45 Gusti Allah éling perjanjiané karo umaté.

      Dhèwèké ngrasa mesakké* merga sayang banget karo* wong-wong kuwi.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim