PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 34:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Yéhuwah liwat ing ngarepé Musa lan kandha, ”Yéhuwah, Yéhuwah, Gusti Allah sing apikan,+ gampang mesakké,+ sabar,+ nduwé katresnan* sing gedhé banget,+ mesthi nepati janjiné,*+

  • Pangandharing Torèt 32:36
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 36 Yéhuwah bakal ngadili umaté,+

      Lan Dhèwèké bakal mesakké karo abdiné+

      Wektu Dhèwèké ndelok wong-wong kuwi kentèkan tenaga,

      Sing isih ana mung wong sing wis ora isa ngapa-ngapa manèh lan ora nduwé tenaga.

  • Yésaya 63:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  7 Aku bakal nyritakké bukti katresnané* Yéhuwah,

      Aku bakal muji Yéhuwah

      Merga apa sing wis ditindakké Yéhuwah kanggo awaké dhéwé.+

      Akèh sing wis ditindakké kanggo keturunané Israèl,

      Merga Dhèwèké apikan banget lan sayang banget karo* umaté.

  • Kidung Pangadhuh 3:32
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 32 Senajan Dhèwèké nggawé awaké dhéwé sedhih, ning Dhèwèké mesthi ya bakal mesakké awaké dhéwé merga katresnané sing langgeng* gedhé banget.+

  • Yoèl 2:13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Aja mung nyuwèk klambimu,+ ning bèn waé atimu sing remuk+ kuwi nduduhké nèk kowé gela.*

      Kowé kudu mertobat lan bali marang Yéhuwah Gusti Allahmu

      Merga Gusti Allah kuwi apikan, gampang mesakké, sabar,+ lan nduwé katresnan* sing gedhé banget.+

      Dhèwèké ya bakal ngubah keputusané* lan ora sida ngukum kowé.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim