-
Néhémia 9:17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké+ lan ora éling karo tumindaké Njenengan sing luar biasa ing antarané wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi dadi ndableg lan milih pemimpin bèn isa bali dadi budhak manèh ing Mesir.+ Ning, Njenengan kuwi Gusti Allah sing siap ngapura, apikan, gampang mesakké, sabar, lan kebak katresnan sing langgeng,*+ mula Njenengan ora ninggalké wong-wong kuwi.+
-
-
Mikha 7:18, 19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Apa ana Gusti Allah sing kaya Njenengan,
Sing ngapura salah lan ora ngéling-éling pelanggarané+ wong Israèl sing isih urip?+
Dhèwèké ora bakal nesu nganti saklawasé
Merga Dhèwèké seneng nduduhké katresnan sing langgeng*+ marang umaté.
19 Dhèwèké bakal mesakké manèh marang awaké dhéwé.+ Kesalahané awaké dhéwé bakal diidak-idak.
Njenengan bakal nguncalké kabèh dosané wong-wong kuwi ing laut sing jero.+
-