PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Para Raja 22:18, 19
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 Ning, kanggo raja Yéhuda sing ngutus kowé njaluk tuntunané Yéhuwah, ngomonga ngéné, ”Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl: ’Soal omongan sing mbok rungokké kuwi, 19 merga atimu tanggap* lan kowé wis ngrendhahké dhiri+ ing ngarepé Yéhuwah wektu kowé krungu omongan-Ku soal panggonan iki lan penduduké, yaiku nèk penduduké bakal dikutuk lan wong sing ndelok kuwi bakal ngrasa wedi, lan merga kowé nyuwèk klambimu+ lan nangis ing ngarep-Ku, Aku ya bakal ngrungokké dongamu, kandhané Yéhuwah.

  • Mazmur 51:17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Rasa salah lan rasa sedhih kuwi korban sing nggawé Njenengan seneng.

      Oh Gusti Allah, Njenengan ora bakal nolak*+ wong sing rendah hati lan sing ngrasa gela.

  • Yésaya 57:15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Gusti Allah sing Mahaluhur,

      Sing urip saklawasé,+ lan sing jenengé suci ngomong ngéné,+

      ”Aku manggon ing panggonan sing dhuwur lan suci,+

      Ning Aku ya ana bareng karo wong sing lara ati lan sedhih,

      Bèn Aku isa nguwatké wong sing sedhih

      Lan menghibur wong sing lara ati.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim