-
Yérémia 30:9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Umat-Ku mesthi bakal nglayani Yéhuwah Gusti Allahé lan nglayani raja sing wis Tak lantik kanggo umat-Ku, yaiku Daud.”+
-
-
Yèhèzkièl 34:23, 24Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 Aku bakal nglantik gembala kanggo domba-domba kuwi,+ yaiku abdi-Ku Daud.*+ Dhèwèké bakal nyedhiakké panganan kanggo domba-domba kuwi. Dhèwèké dhéwé sing bakal nyedhiakké panganan lan dadi gembalané.+ 24 Aku, Yéhuwah, bakal dadi Gusti Allahé,+ lan abdi-Ku Daud bakal dadi pemimpiné.+ Aku, Yéhuwah, wis ngomongké kuwi.
-
-
Yèhèzkièl 37:24, 25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 ”’”Abdi-Ku Daud* bakal dadi rajané.+ Wong-wong kuwi bakal nduwé gembala siji.+ Wong-wong kuwi bakal manut keputusan hukum-Ku lan tenanan nindakké peraturan-Ku.+ 25 Wong-wong kuwi bakal manggon ing tanah sing Tak wènèhké marang abdi-Ku Yakub, tanah sing dienggoni nènèk moyangé.+ Nènèk moyangé lan anak putuné+ bakal manggon ing kana saklawasé.+ Abdi-Ku Daud bakal dadi pemimpiné kanggo saklawasé.+
-
-
Amos 9:11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 ’Wektu kuwi, Aku bakal mbangun manèh pondoké Daud+ sing ambruk.
Bagéané sing jebol bakal Tak dandani,
Lan reruntuhané bakal Tak bangun manèh.
Kuwi kabèh bakal Tak bangun lan bakal dadi kaya mbiyèné,+
-
Lukas 1:31-33Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
31 Kowé bakal meteng lan nglairké anak lanang.+ Anak kuwi kudu mbok jenengi Yésus.+ 32 Dhèwèké bakal dadi wong sing penting+ lan bakal disebut Anaké Sing Mahaluhur.+ Gusti Allah Yéhuwah* bakal nggawé dhèwèké dadi raja kaya Daud nènèk moyangé.*+ 33 Dhèwèké bakal dadi rajané keturunané Yakub nganti saklawasé, lan pamréntahané* bakal ana sakterusé.”+
-
-
-