-
Yésaya 9:6, 7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Ana bocah sing wis lair kanggo awaké dhéwé.+
Ana bocah lanang sing wis diwènèhké marang awaké dhéwé.
Bocah kuwi bakal nduwé hak kanggo mréntah.+
Dhèwèké bakal disebut Penaséhat sing hébat,+ Gusti sing kuwat,+ Bapak sing ana saklawasé, lan Pemimpin sing nggawé rukun lan tentrem.
7 Kuwasané bakal saya gedhé,
Lan pamréntahané bakal terus nggawé rukun lan tentrem.+
Dhèwèké bakal dadi raja kaya Daud,+
Lan kerajaané bakal saya kuwat lan bakal ana sakterusé,+
Merga dhèwèké bener+ lan adil+
Saka saiki nganti saklawasé.
Yéhuwah pemimpiné pasukan péngin banget nindakké kuwi.
-
-
Yèhèzkièl 37:24, 25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 ”’”Abdi-Ku Daud* bakal dadi rajané.+ Wong-wong kuwi bakal nduwé gembala siji.+ Wong-wong kuwi bakal manut keputusan hukum-Ku lan tenanan nindakké peraturan-Ku.+ 25 Wong-wong kuwi bakal manggon ing tanah sing Tak wènèhké marang abdi-Ku Yakub, tanah sing dienggoni nènèk moyangé.+ Nènèk moyangé lan anak putuné+ bakal manggon ing kana saklawasé.+ Abdi-Ku Daud bakal dadi pemimpiné kanggo saklawasé.+
-
-
Lukas 1:31-33Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
31 Kowé bakal meteng lan nglairké anak lanang.+ Anak kuwi kudu mbok jenengi Yésus.+ 32 Dhèwèké bakal dadi wong sing penting+ lan bakal disebut Anaké Sing Mahaluhur.+ Gusti Allah Yéhuwah* bakal nggawé dhèwèké dadi raja kaya Daud nènèk moyangé.*+ 33 Dhèwèké bakal dadi rajané keturunané Yakub nganti saklawasé, lan pamréntahané* bakal ana sakterusé.”+
-