-
2 Babad 30:8, 9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Aja ndableg kaya nènèk moyangmu.+ Manuta marang Yéhuwah, maraa menyang panggonan suciné,+ yaiku panggonan sing wis Dhèwèké sucèkké kanggo saklawasé, lan ngabdia marang Yéhuwah Gusti Allahmu, supaya Gusti Allah ora nesu manèh karo kowé.+ 9 Nèk kowé mertobat marang Yéhuwah, wong-wong sing nawan sedulur-sedulurmu lan anak-anakmu bakal mesakké karo kowé lan bakal ngéntukké sedulurmu+ lan anakmu bali ing tanah iki,+ merga Yéhuwah Gusti Allahmu kuwi apikan* lan gampang mesakké.+ Dhèwèké ora bakal ninggalké kowé nèk kowé mertobat marang Dhèwèké.”+
-
-
Zéfanya 2:2, 3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Sakdurungé keputusané Gusti Allah ditindakké,
Sakdurungé telat merga wektuné cepet banget kaya jerami sing kabur kena angin,
Sakdurungé Yéhuwah nesu banget marang kowé,+
Sakdurungé teka wektuné Yéhuwah nesu marang kowé,
3 Golèka tuntunané Yéhuwah,+ kowé wong-wong sing rendah hati ing bumi,
Sing nindakké Hukumé sing bener.
Ngupayaa nindakké apa sing bener, lan duduhna sifat rendah hati.
Mungkin kowé bakal dilindhungi pas Yéhuwah nesu.+
-