PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Para Raja 8:33, 34
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 33 ”Wektu umat-Mu Israèl dikalahké mungsuh merga bola-bali nggawé dosa marang Njenengan,+ terus wong-wong kuwi bali marang Njenengan lan ngluhurké jeneng-Mu,+ lan ndonga ing omah iki njaluk bèn dimesakké,+ 34 muga-muga Njenengan ngrungokké saka swarga lan ngapura dosané umat-Mu Israèl lan nggawa wong-wong kuwi bali menyang tanah sing wis Njenengan wènèhké marang nènèk moyangé.+

  • Mazmur 106:45
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 45 Gusti Allah éling perjanjiané karo umaté.

      Dhèwèké ngrasa mesakké* merga sayang banget karo* wong-wong kuwi.+

  • Yérémia 7:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl kandha, ”Tumindak lan kelakuanmu kudu mbok ubah, lan Aku bakal ngijinké kowé tetep manggon ing kéné.+

  • Yérémia 26:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Sapa ngerti wong-wong kuwi gelem ngrungokké lan saben wong ora nindakké apa sing jahat manèh, lan Aku bakal berubah pikiran* soal bencana sing arep Tak wènèhké marang wong-wong kuwi merga tumindaké sing jahat.+

  • Yèhèzkièl 18:21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 21 ”’Nèk ana wong jahat sing mertobat saka kabèh dosa sing wis ditindakké lan nindakké apa sing adil lan sing bener, dhèwèké mesthi bakal tetep urip. Dhèwèké ora bakal mati.+

  • Yoèl 2:13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Aja mung nyuwèk klambimu,+ ning bèn waé atimu sing remuk+ kuwi nduduhké nèk kowé gela.*

      Kowé kudu mertobat lan bali marang Yéhuwah Gusti Allahmu

      Merga Gusti Allah kuwi apikan, gampang mesakké, sabar,+ lan nduwé katresnan* sing gedhé banget.+

      Dhèwèké ya bakal ngubah keputusané* lan ora sida ngukum kowé.

  • Yunus 3:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 Bar krungu kuwi, wong Niniwé dadi nduwé iman marang Gusti Allah.+ Wong-wong kuwi padha mutuské nèk arep pasa lan nganggo kain goni. Kabèh wong padha nindakké kuwi, saka rakyat biasa nganti pejabat.

  • Yunus 3:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Pas ngerti nèk wong-wong kuwi wis ora nindakké sing jahat lan sing kejem manèh,+ Gusti Allah sing bener ngubah keputusané lan ora sida ngukum wong-wong kuwi.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim