-
Yèhèzkièl 35:10, 11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 ”Kowé kandha, ’Bangsa loro lan negara loro iki bakal dadi duwèké awaké dhéwé, lan loro-loroné bakal awaké dhéwé rebut,’+ padahal Yéhuwah ana ing kono. 11 ’Kuwi sebabé Aku sumpah demi Aku sing urip,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, ’Aku bakal mbales kowé merga kowé wis nesu, cemburu, lan sengit karo umat-Ku. Pas Aku ngadili kowé,+ umat-Ku bakal ngerti sapa Aku iki.
-
-
Zéfanya 2:8, 9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 ”Aku wis krungu wong Moab+ lan wong Ammon+ padha ngrèmèhké lan ngécé umat-Ku,
Padha nantang umat-Ku lan karo sombong ngancam arep ngrebut wilayahé umat-Ku.”+
9 Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl, kandha, ”Mula demi Aku sing urip,
Moab bakal dadi kaya Sodom,+
Lan Ammon kaya Gomora,+
Lemahé akèh uyahé, kebak tanduran liar, lan gersang saklawasé.+
Barang-barangé wong-wong kuwi bakal dijarah karo umat-Ku sing slamet,
Lan dhaérahé bakal direbut karo bangsa-Ku sing slamet.
-