-
Amos 1:13-15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Iki sing diomongké Yéhuwah,
’”Merga wong Ammon wis bola-bali* mbrontak,+ Aku ora bakal ngubah keputusan-Ku.
Wong-wong kuwi mbelèk wetengé wong wédok ing Giléad sing meteng bèn isa nggawé wilayahé saya amba.+
14 Aku bakal nggawé geni ngobong témbok Raba,+
Lan kuwi bakal ngobong kabèh menara sing ana bèntèngé nganti entèk.
Wektu pasukan nyerang kutha, bakal ana swara perang.
Dina kuwi bakal ana badai sing medèni.
15 Raja lan para pejabaté bakal didadèkké tawanan,”+ kandhané Yéhuwah.’
-