-
Kaimaman 26:14-16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 ”’Ning, nèk kowé ora ngrungokké Aku lan ora nindakké kabèh préntah iki,+ 15 nèk kowé nolak peraturan-Ku+ lan sengit karo hukum-Ku nganti kowé ora nindakké préntah-Ku lan nglanggar perjanjian-Ku,+ 16 Aku bakal nindakké iki: Aku bakal nggawé kowé sengsara merga tuberkulosis lan demam tinggi. Mripatmu bakal rabun, lan kowé bakal kentèkan tenaga. Kowé bakal nyebar benih ning ora ana hasilé merga hasilé bakal dipangan mungsuh-mungsuhmu.+
-
-
2 Babad 36:14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Kabèh kepalané para imam lan bangsa kuwi wis bener-bener ora setya. Wong-wong kuwi nindakké perkara-perkara njijiki sing ditindakké bangsa-bangsa liya, lan nggawé najis omahé Yéhuwah+ sing wis disucèkké ing Yérusalèm.
-