PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Wilangan 21:23-25
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 23 Ning, Sihon ora ngéntukké wong Israèl ngliwati tanahé. Dhèwèké malah nglumpukké kabèh pasukané terus nyerang Israèl ing padhang belantara. Pas tekan Yahaz, pasukan kuwi perang nglawan Israèl.+ 24 Israèl ngalahké pasukan kuwi nganggo pedhang+ lan ngrebut tanahé,+ saka Arnon+ nganti tekan Yabok,+ ing cedhak wilayahé wong Ammon. Tapi, wilayah sing direbut mung nganti tekan Yazèr+ merga Yazèr kuwi perbatasan wilayahé wong Ammon.+

      25 Mula, wong Israèl ngrebut kabèh kutha kuwi lan mulai manggon ing kabèh kuthané wong Amori,+ ing Hésbon lan kabèh kutha ing sekitaré.

  • Yosua 24:8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 ”’Terus, Aku nggawa kowé menyang sabrangé* Kali Yordan, yaiku tanahé wong Amori. Wong Amori perang nglawan kowé,+ ning Aku nyerahké wong-wong kuwi marang kowé supaya kowé isa ngrebut tanahé. Aku ya nyingkirké wong Amori saka ngarepmu.+

  • Mazmur 135:10, 11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Dhèwèké ngalahké bangsa-bangsa+

      Lan matèni raja-raja sing kuwat,+

      11 Yaiku Sihon raja Amori,+

      Og raja Basyan,+

      Lan kabèh kerajaan sing ana ing Kanaan.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim