3 Dhèwèké mbangun manèh panggonan-panggonan dhuwur* sing wis dihancurké Hizkia bapaké,+ lan dhèwèké ya mbangun mézbah-mézbah kanggo déwa-déwa Baal lan nggawé cagak-cagak suci.* Dhèwèké ya sujud lan nglayani kabèh pasukan langit.+
13 Omah-omah ing Yérusalèm lan istana-istanané para raja Yéhuda bakal dadi najis kaya Tofèt.+ Kuwi merga wong-wong kuwi mènèhké korban ing atap omahé kanggo kabèh sing ana ing langit+ lan ngesokké persembahan minuman kanggo allah-allah liya.’”+