-
Yérémia 8:1, 2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Yéhuwah kandha, ”Wektu kuwi, balung-balungé para raja Yéhuda, balung-balungé para pemimpiné, balung-balungé para imam, balung-balungé para nabi, lan balung-balungé penduduk Yérusalèm bakal ditokké saka kuburané. 2 Balungé wong-wong kuwi bakal disebar ing ngisoré matahari, bulan, lan kabèh sing ana ing langit.* Wong-wong kuwi mbiyèn nresnani, nglayani, nyembah, nggolèki, lan sujud marang benda-benda kuwi.+ Balung-balung kuwi ora bakal diklumpukké utawa dikubur. Kuwi bakal dadi kaya pupuk ing lemah.”+
-
-
Zéfanya 1:4, 5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Aku bakal nggunakké kekuwatan-Ku kanggo nglawan Yéhuda
Lan nglawan penduduk Yérusalèm.
Aku bakal nyingkirké Baal+ saka panggonan iki nganti ora ana sisané manèh.
Jeneng para imamé allah-allah liya lan para imam palsu ya bakal Tak singkirké.+
5 Aku bakal nyingkirké wong-wong sing munggah ing atap lan sujud marang kabèh sing ana ing langit.*+
Wong-wong sing sujud marang Yéhuwah+ lan sumpah nèk arep setya marang Dhèwèké lan marang Déwa Malkam ya bakal Tak singkirké.+
-