-
Yérémia 30:10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 ”Kowé Yakub, abdi-Ku, aja wedi,” kandhané Yéhuwah,
”Hé Israèl, kowé ya aja wedi.+
Aku bakal mbébaské kowé saka panggonan sing adoh
Lan mbébaské keturunanmu saka tanah panggonané wong-wong kuwi ditawan.+
Yakub bakal bali lan ngrasa aman tanpa gangguan.
Ora ana sing bakal nggawé wong-wong kuwi wedi.”+
-
-
Yérémia 33:9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Pas krungu jenengé kutha iki, Aku bakal seneng. Kutha iki bakal nggawé Aku dipuji lan diluhurké karo kabèh bangsa ing bumi sing krungu soal apa sing apik sing Tak tindakké marang umat-Ku.+ Wong-wong kuwi bakal wedi lan ndredheg+ merga kedamaian lan kabèh sing apik sing bakal Tak wènèhké marang kutha kuwi.’”+
-