PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Ézra 9:6, 7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Aku kandha, ”Oh Gusti Allahku, aku isin lan ngrasa ora pantes ndonga marang Njenengan, merga kesalahanku lan kesalahané bangsaku wis numpuk nganti ngluwihi sirahku. Pelanggaranku lan pelanggarané bangsaku ya wis tumpuk-tumpuk nganti tekan langit.+ 7 Aku lan bangsaku wis dosa gedhé banget kèt jamané nènèk moyangku nganti saiki.+ Aku, raja-rajaku, lan para imamku diserahké marang raja-raja saka bangsa liya, dipatèni nganggo pedhang,+ ditawan,+ dijarah,+ lan diisin-isinké nganti saiki.+ Kuwi kabèh kelakon merga kesalahanku lan kesalahané bangsaku.

  • Yésaya 1:16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 Adusa, resikana awakmu.+

      Aja nindakké kejahatan manèh ing ngarep-Ku.

      Aja nindakké sing salah manèh.+

  • Yésaya 55:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  7 Muga-muga wong sing jahat ora nindakké kejahatan manèh+

      Lan ora nggawé rencana jahat manèh.

      Muga-muga wong kuwi mertobat lan bali marang Yéhuwah, Gusti Allahé awaké dhéwé sing bakal mesakké karo wong kuwi,+

      Merga Gusti Allah bakal bener-bener ngapura wong kuwi.+

  • Hoséa 14:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 ”Oh Israèl, mertobata marang Yéhuwah Gusti Allahmu.+

      Kesalahanmu wis nggawé kowé tiba.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim