PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Babad 30:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Terus kaya préntahé Raja, para utusan* padha lunga menyang kabèh dhaérah Israèl lan Yéhuda karo nggawa surat saka Raja lan para pejabaté, sing isiné, ”Wong Israèl, padha mertobata marang Yéhuwah Gusti Allahé Abraham, Ishak, lan Israèl, supaya Gusti Allah ya bali marang wong-wong sing isih urip, sing lolos saka tangané raja Asiria.+

  • Yésaya 55:6, 7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  6 Golèka tuntunané Yéhuwah mumpung Dhèwèké isih isa ditemoni.+

      Njaluka tulung marang Dhèwèké mumpung Dhèwèké isih cedhak.+

       7 Muga-muga wong sing jahat ora nindakké kejahatan manèh+

      Lan ora nggawé rencana jahat manèh.

      Muga-muga wong kuwi mertobat lan bali marang Yéhuwah, Gusti Allahé awaké dhéwé sing bakal mesakké karo wong kuwi,+

      Merga Gusti Allah bakal bener-bener ngapura wong kuwi.+

  • Hoséa 12:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  6 ”Mula, mertobata marang Gusti Allahmu.+

      Terusa nduduhké katresnan sing langgeng* lan keadilan,+

      Lan terusa ngarep-arep marang Gusti Allahmu.

  • Yoèl 2:12, 13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Yéhuwah kandha, ”Saiki, kowé kudu mertobat lan bali marang Aku saktulusé atimu+

      Karo pasa+ lan nangis.

      13 Aja mung nyuwèk klambimu,+ ning bèn waé atimu sing remuk+ kuwi nduduhké nèk kowé gela.*

      Kowé kudu mertobat lan bali marang Yéhuwah Gusti Allahmu

      Merga Gusti Allah kuwi apikan, gampang mesakké, sabar,+ lan nduwé katresnan* sing gedhé banget.+

      Dhèwèké ya bakal ngubah keputusané* lan ora sida ngukum kowé.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim