-
Mazmur 22:27Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
27 Kabèh wong ing bumi bakal éling karo Yéhuwah lan bali marang Dhèwèké.
Kabèh suku bangsa bakal sujud ing ngarepé,+
-
Yésaya 2:2, 3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Ing dina-dina terakhir,
Gunung panggonané omahé Yéhuwah
Bakal tetep kuwat lan luwih dhuwur timbang gunung liyané.+
Kuwi ya bakal luwih dhuwur timbang bukit-bukit.
Kabèh bangsa bakal bareng-bareng lunga mrono.+
3 Wong-wong saka bangsa liya bakal lunga mrono lan kandha,
”Ayo munggah ing gunungé Yéhuwah,
Ing omahé Gusti Allahé Yakub.+
Dhèwèké bakal ngajari awaké dhéwé soal dalané,
Lan awaké dhéwé bakal mlaku ing dalané.”+
-
-
Zakharia 8:22, 23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 Akèh wong lan bangsa sing kuwat bakal teka ing Yérusalèm+ arep nglayani Aku, Yéhuwah, pemimpiné pasukan, lan arep njaluk marang Aku, Yéhuwah, bèn dimesakké.’
23 ”Aku, Yéhuwah, pemimpiné pasukan kandha, ’Wektu kuwi, wong lanang sepuluh saka kabèh bangsa+ lan basa mesthi bakal nyekel kenceng jubahé wong Yahudi siji.* Wong-wong kuwi bakal kandha, ”Aku bakal mèlu karo kowé,+ merga aku krungu nèk Gusti Allah ndhukung kowé.”’”+
-
-
-