-
2 Babad 36:15, 16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé terus-terusan ngélikké wong-wong kuwi liwat para utusané. Wong-wong kuwi bola-bali diélikké, merga Gusti Allah mesakké umaté lan péngin nglindhungi baité. 16 Ning, wong-wong kuwi terus-terusan ngécé para utusané Gusti Allah sing bener,+ nyepèlèkké omongané,+ lan ngrèmèhké nabi-nabiné,+ nganti Yéhuwah nesu banget karo wong-wong kuwi.+ Wong-wong kuwi jahat banget nganti ora isa dikandhani manèh.
-
-
Yérémia 11:7, 8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Pas nggawa nènèk moyangmu metu saka Mesir, Aku wis ngélikké wong-wong kuwi, ”Manuta omongan-Ku.”+ Aku isih terus* ngélikké wong-wong kuwi nganti saiki. 8 Ning, wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké utawa nggatèkké.* Wong-wong kuwi malah ndableg nuruti kepénginan atiné sing jahat.+ Mula, Aku ngukum wong-wong kuwi sesuai karo apa sing ditulis ing perjanjian. Kuwi perjanjian sing wis Tak préntahké bèn ditindakké wong-wong kuwi lan perjanjian sing wis ditolak wong-wong kuwi.’”
-