PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 7:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 ”Wektu Yéhuwah Gusti Allahmu nggawa kowé menyang tanah sing bakal mbok tekani lan mbok rebut,+ Dhèwèké ya bakal nyingkirké bangsa pitu sing gedhé,+ yaiku wong Hèt, wong Girgasyi, wong Amori,+ wong Kanaan, wong Pèriz, wong Hèwi, lan wong Yébus.+ Bangsa-bangsa kuwi luwih akèh lan luwih kuwat timbang kowé.+

  • Pangandharing Torèt 7:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Aja nikah karo wong saka bangsa-bangsa kuwi. Aja nikahké anak-anakmu wédok karo anak-anaké lanang bangsa kuwi, lan aja nikahké anak-anakmu lanang karo anak-anaké wédok bangsa kuwi.+

  • Para Hakim 3:5, 6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 Wong Israèl manggon ing antarané wong Kanaan,+ wong Hèt, wong Amori, wong Pèriz, wong Hèwi, lan wong Yébus. 6 Wong Israèl nikah karo anaké wédok bangsa-bangsa kuwi lan mènèhké anaké wédok marang anaké lanang bangsa-bangsa kuwi. Wong Israèl mulai nglayani allah-allah liya.+

  • 1 Para Raja 11:1, 2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Raja Salomo nresnani akèh wong wédok asing+ sakliyané putri Firaun,+ yaiku wong wédok Moab,+ Ammon,+ Sidon,+ lan Hèt.+ 2 Soal bangsa-bangsa kuwi, sakjané Yéhuwah wis kandha ngéné marang wong Israèl, ”Kowé ora éntuk kekancan* karo wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi ya ora éntuk kekancan karo kowé, merga wong-wong kuwi isa nggawé atimu nyimpang marang allah-allahé.”+ Ning, Salomo akrab karo wong-wong kuwi lan malah nresnani wong-wong kuwi.

  • Néhémia 13:23
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 23 Wektu kuwi, aku ya ngerti nèk wong Yahudi padha nikah karo* wong wédok+ Asdod,+ Ammon, lan Moab.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim