PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Purwaning Dumadi 2:24
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 24 Kuwi sebabé wong lanang bakal ninggalké bapak ibuné, terus bakal urip bareng* karo bojoné, lan loro-loroné bakal dadi siji.*+

  • Matius 5:32
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 32 Ning, kowé tak kandhani, nèk ana wong lanang sing megat bojoné padahal bojoné ora nindakké hubungan sèks sing ora pantes,* wong lanang kuwi isa nyebabké bojoné laku jina. Wong sing nikah karo wong wédok sing dipegat mau ya nindakké laku jina.+

  • Matius 19:8, 9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 Yésus kandha, ”Kuwi merga kowé ndableg, mula Musa ngéntukké kowé megat bojomu.+ Ning, saka awal sakjané ora kaya ngono.+ 9 Kowé tak kandhani, nèk ana wong sing megat bojoné sakliyané merga hubungan sèks sing ora pantes,* terus nikah karo wong liya, kuwi artiné wong kuwi laku jina.”+

  • Markus 10:5-9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 Tapi Yésus kandha, ”Musa nulis préntah kuwi merga kowé+ ndableg.+ 6 Ning kèt awal, ’Gusti Allah nyiptakké wong lanang lan wong wédok.+ 7 Kuwi sebabé wong lanang bakal ninggalké bapak ibuné,+ 8 lan wong lanang kuwi karo bojoné* bakal dadi siji.’*+ Mula, wong lanang karo wong wédok kuwi dudu loro manèh, ning siji. 9 Kuwi sebabé apa sing wis didadèkké siji karo Gusti Allah ora éntuk dipisahké manungsa.”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim