-
Matius 3:1-3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Wektu kuwi, Yohanes+ Pembaptis teka ing Padhang Belantara Yudéa kanggo martakké,+ 2 ”Mertobata, merga Kerajaan swarga wis cedhak.”+ 3 Sakjané, Yohanes kuwi wong sing dimaksud Nabi Yésaya+ wektu kandha, ”Ana sing mbengok ing padhang belantara, ’Siapna dalan kanggo Yéhuwah.* Lurusna dalan-dalané.’”+
-
-
Markus 1:2-4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Ana tulisan ing kitab Nabi Yésaya, ”(Aku ngirim utusan-Ku ndhisiki kowé, yaiku wong sing bakal nyiapké dalan kanggo kowé.)+ 3 Ana sing mbengok ing padhang belantara, ’Siapna dalan kanggo Yéhuwah.* Lurusna dalan-dalané.’”+ 4 Kaya sing wis ditulis kuwi, Yohanes Pembaptis ana ing padhang belantara. Dhèwèké martakké nèk wong-wong kudu dibaptis kanggo nduduhké nèk wis mertobat lan akhiré dosané isa diapura.+
-