-
Lukas 3:2-6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 lan sing dadi imam kepala yaiku Hanas lan Kayafas.+ Wektu kuwi, Gusti Allah nyampèkké omongané marang Yohanes+ anaké Zakharia ing padhang belantara.+
3 Mula, Yohanes lunga ing kabèh dhaérah ing sekitaré Kali Yordan. Dhèwèké martakké nèk wong-wong kudu dibaptis kanggo nduduhké nèk wis mertobat lan akhiré dosané isa diapura.+ 4 Kuwi kelakon kaya sing ditulis ing kitab Nabi Yésaya, ”Ana sing mbengok ing padhang belantara, ’Siapna dalan kanggo Yéhuwah.* Lurusna dalan-dalané.+ 5 Kabèh lembah kudu diurug, lan kabèh gunung lan bukit diratakké. Dalan sing ménggak-ménggok kudu diluruské, lan dalan sing nggronjal-nggronjal digawé rata. 6 Terus, kabèh wong bakal ndelok piyé Gusti Allah nylametké manungsa.’”+
-