PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Markus 1:40-44
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 40 Ana wong lara kusta marani Yésus lan sujud. Dhèwèké kandha, ”Nèk njenengan gelem, mbok aku tulung dimarèkké.”*+ 41 Merga mesakké, Yésus ngulurké tangané lan ndemèk wong kuwi. Yésus kandha, ”Ya, aku gelem marèkké kowé. Saiki kowé wis mari.”*+ 42 Wong lanang kuwi langsung mari saka kustané, lan dhèwèké ora najis manèh. 43 Yésus ngongkon wong kuwi lunga, terus mènèhi préntah sing tegas, 44 ”Aja kandha sapa-sapa. Lungaa, duduhna awakmu marang imam, lan wènèhna apa sing dipréntahké ing Hukum Musa+ kanggo mbuktèkké nèk kowé wis mari.”+

  • Lukas 5:12-14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Wektu Yésus ana ing salah siji kutha, ana wong lanang sing lara kusta sak awak. Wektu ndelok Yésus, dhèwèké sujud lan njaluk, ”Gusti, nèk njenengan gelem, mbok aku tulung dimarèkké.”*+ 13 Mula, Yésus ngulurké tangané lan ndemèk wong kuwi. Yésus kandha, ”Ya, aku gelem marèkké kowé. Saiki kowé wis mari.”* Wong sing lara kusta kuwi langsung mari saka kustané.+ 14 Terus, Yésus nglarang wong kuwi ngandhani sapa-sapa. Yésus kandha, ”Lungaa, duduhna awakmu marang imam, lan wènèhna persembahan kaya sing dipréntahké ing Hukum Musa+ kanggo mbuktèkké nèk kowé wis mari.”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim