PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Markus 5:11-17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Wektu kuwi, ana sak kumpulan babi+ lagi mangan ing bukit.+ 12 Roh-roh kuwi njaluk marang Yésus, ”Préntahna aku bèn mlebu ing babi-babi kuwi.” 13 Terus, Yésus ngéntukké roh-roh kuwi mlebu ing babi-babi kuwi. Mula, roh-roh jahat* kuwi metu lan mlebu ing babi-babi sing jumlahé kira-kira 2.000. Bar kuwi, sak kumpulan babi kuwi mlumpat saka tebing lan njegur ing laut nganti akhiré mati kleleb. 14 Wong-wong sing njaga kumpulan babi kuwi mlayu lan nyritakké kuwi marang wong-wong ing kutha lan ing dhaérah sekitaré. Wong-wong sing krungu crita kuwi padha teka merga péngin ngerti apa sing sakjané kelakon.+ 15 Pas ketemu Yésus, wong-wong kuwi ndelok nèk wong lanang sing mauné kesurupan Lègiun kuwi lagi lungguh, wis nganggo klambi, lan pikirané wis waras. Mula, wong-wong kuwi dadi wedi. 16 Wong-wong sing ndelok peristiwa mau crita karo wong-wong sing teka soal apa sing dialami wong lanang sing kesurupan kuwi lan soal babi-babi kuwi. 17 Mula, wong-wong kuwi njaluk bèn Yésus lunga saka dhaérah kuwi.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim