-
Matius 8:30-33Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
30 Ing dhaérah sing adoh saka kono, ana sak kumpulan babi lagi mangan.+ 31 Mula, roh-roh jahat kuwi kandha marang Yésus, ”Nèk kowé arep ngusir aku, préntahna aku bèn mlebu ing babi-babi kuwi.”+ 32 Yésus njawab, ”Lungaa!” Roh-roh jahat kuwi metu lan mlebu ing babi-babi kuwi. Bar kuwi, sak kumpulan babi kuwi mlumpat saka tebing lan njegur ing laut nganti akhiré mati kleleb. 33 Wong-wong sing njaga kumpulan babi kuwi mlayu lan mlebu ing kutha. Wong-wong kuwi nyritakké kabèh peristiwa kuwi, termasuk soal wong-wong sing kesurupan roh jahat mau.
-
-
Lukas 8:32-34Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
32 Wektu kuwi, ana sak kumpulan babi+ sing lagi mangan ing gunung. Mula, roh-roh jahat kuwi njaluk marang Yésus bèn éntuk mlebu ing babi-babi kuwi, lan Yésus ngijinké.+ 33 Roh-roh jahat mau metu saka wong lanang kuwi lan mlebu ing babi-babi kuwi. Terus, sak kumpulan babi kuwi mlumpat saka tebing lan njegur ing danau nganti akhiré mati kleleb. 34 Ning, wektu ndelok kuwi, wong-wong sing njaga kumpulan babi mau mlayu lan nyritakké kuwi ing kutha lan ing dhaérah sekitaré.
-