PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Markus 2:15-17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Terus, Yésus mangan ing omahé Lèwi. Akèh petugas pajeg lan wong dosa sing mangan bareng karo Yésus lan para muridé. Ing antarané wong-wong kuwi, ana akèh sing wis dadi pengikuté Yésus.+ 16 Ning, wektu para ahli Taurat saka golongané wong Farisi ndelok Yésus mangan karo wong dosa lan para petugas pajeg, wong-wong kuwi ngomong karo murid-muridé Yésus, ”Ngapa kok dhèwèké mangan bareng karo petugas pajeg lan wong-wong dosa?” 17 Wektu krungu kuwi, Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Wong sing séhat ora mbutuhké dokter. Sing mbutuhké dokter kuwi wong sing lara. Aku teka ora kanggo ngundang* wong-wong sing bener, ning wong-wong sing dosa.”+

  • Lukas 5:29-32
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 29 Bar kuwi, Lèwi nggawé pésta gedhé kanggo Yésus ing omahé. Ana akèh petugas pajeg lan wong-wong liyané sing mangan bareng karo Yésus lan murid-muridé.+ 30 Kuwi sebabé wong Farisi lan para ahli Taurat protès karo murid-muridé Yésus, ”Ngapa kok kowé mangan lan ngombé karo petugas pajeg lan wong-wong dosa?”+ 31 Yésus njawab, ”Wong sing séhat ora mbutuhké dokter. Sing mbutuhké dokter kuwi wong-wong sing lara.+ 32 Aku teka ora kanggo ngundang* wong sing bener ning wong-wong sing dosa, bèn wong-wong kuwi mertobat.”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim