-
Matius 9:10-13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Wektu Yésus mangan ing omahé Matius, akèh petugas pajeg lan wong dosa teka, terus mèlu mangan bareng karo Yésus lan para muridé.+ 11 Wektu ngerti iki, wong Farisi ngomong karo murid-muridé Yésus, ”Ngapa kok gurumu mangan bareng karo petugas pajeg lan wong-wong dosa?”+ 12 Yésus krungu omongan kuwi, terus njawab, ”Wong sing séhat ora mbutuhké dokter. Sing mbutuhké dokter kuwi wong sing lara.+ 13 Pikirna omongan iki, ’Aku luwih seneng nèk kowé nduwé rasa mesakké karo wong liya timbang kowé mènèhi Aku korban.’+ Aku teka ora kanggo ngundang* wong-wong sing bener, ning wong-wong sing dosa.”
-
-
Markus 2:15-17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Terus, Yésus mangan ing omahé Lèwi. Akèh petugas pajeg lan wong dosa sing mangan bareng karo Yésus lan para muridé. Ing antarané wong-wong kuwi, ana akèh sing wis dadi pengikuté Yésus.+ 16 Ning, wektu para ahli Taurat saka golongané wong Farisi ndelok Yésus mangan karo wong dosa lan para petugas pajeg, wong-wong kuwi ngomong karo murid-muridé Yésus, ”Ngapa kok dhèwèké mangan bareng karo petugas pajeg lan wong-wong dosa?” 17 Wektu krungu kuwi, Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Wong sing séhat ora mbutuhké dokter. Sing mbutuhké dokter kuwi wong sing lara. Aku teka ora kanggo ngundang* wong-wong sing bener, ning wong-wong sing dosa.”+
-