-
Markus 2:21, 22Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
21 Ora ana wong sing bakal nambal klambi lawas sing suwèk nganggo kain sing anyar. Nèk kuwi ditindakké, kain sing anyar kuwi bakal mengkered, lan klambi kuwi suwèké dadi saya amba.+ 22 Sakliyané kuwi, ora ana wong sing bakal nyimpen anggur anyar ing wadhah anggur* sing lawas. Nèk kuwi ditindakké, anggur kuwi bakal nggawé wadhahé pecah. Angguré bakal wutah, lan wadhahé bakal rusak. Ning, anggur sing anyar mesthi disimpen ing wadhah anggur sing anyar.”
-
-
Lukas 5:36-39Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
36 Yésus ya mènèhi perumpamaan iki, ”Ora ana wong sing bakal nggunting klambi anyar kanggo nambal klambi lawas. Nèk kuwi ditindakké, tambalané bakal suwèk lan ora cocog karo klambi sing lawas kuwi.+ 37 Sakliyané kuwi, ora ana wong sing bakal nyimpen anggur anyar ing wadhah anggur* sing lawas. Nèk kuwi ditindakké, anggur sing anyar kuwi bakal nggawé wadhah angguré pecah. Angguré bakal wutah, lan wadhah angguré bakal rusak.” 38 Mula, anggur sing anyar kudu disimpen ing wadhah anggur sing anyar. 39 Wong sing wis ngombé anggur sing lawas ora bakal gelem ngombé anggur sing anyar. Dhèwèké bakal kandha, ’Anggur sing lawas kuwi luwih énak.’”
-