-
Matius 9:16, 17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 Ora ana wong sing bakal nambal klambi lawas sing suwèk nganggo kain sing anyar merga kain sing anyar kuwi bakal mengkered lan klambi kuwi suwèké dadi saya amba.+ 17 Sakliyané kuwi, ora ana wong sing bakal nyimpen anggur anyar ing wadhah anggur* sing lawas. Nèk kuwi ditindakké, wadhah anggur sing lawas kuwi bakal pecah, angguré wutah, lan wadhah anggur kuwi rusak. Ning, anggur sing anyar mesthi disimpen ing wadhah anggur sing anyar. Dadi, anggur lan wadhahé ora rusak.”
-
-
Lukas 5:36-38Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
36 Yésus ya mènèhi perumpamaan iki, ”Ora ana wong sing bakal nggunting klambi anyar kanggo nambal klambi lawas. Nèk kuwi ditindakké, tambalané bakal suwèk lan ora cocog karo klambi sing lawas kuwi.+ 37 Sakliyané kuwi, ora ana wong sing bakal nyimpen anggur anyar ing wadhah anggur* sing lawas. Nèk kuwi ditindakké, anggur sing anyar kuwi bakal nggawé wadhah angguré pecah. Angguré bakal wutah, lan wadhah angguré bakal rusak.” 38 Mula, anggur sing anyar kudu disimpen ing wadhah anggur sing anyar.
-