-
1 Para Raja 17:9, 10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 ”Lungaa menyang Zaréfat ing dhaérah Sidon, lan manggona ing kana. Aku bakal ngongkon salah siji randha ing kana nyedhiakké panganan kanggo kowé.”+ 10 Bar kuwi, Èlia ngadeg lan lunga menyang Zaréfat. Pas tekan ing gerbang kutha, ana randha sing lagi nglumpukké kayu. Terus, Èlia ngundang* randha kuwi lan kandha, ”Tulung wènèhana aku ngombé sithik waé.”+
-
-
1 Para Raja 17:20-23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 Terus Èlia ndonga marang Yéhuwah, ”Oh Yéhuwah Gusti Allahku,+ apa Njenengan ya arep mènèhi bencana marang randha iki lan meneng waé nganti anaké mati, padahal randha iki wis nyedhiakké panggonan kanggo aku?” 21 Terus, Èlia mbungkukké badané ing ndhuwuré badané bocah kuwi ping telu lan ndonga marang Yéhuwah, ”Oh Yéhuwah Gusti Allahku, tulung uripna manèh bocah iki.”* 22 Yéhuwah ngrungokké dongané Èlia,+ lan bocah kuwi urip manèh.*+ 23 Èlia mbopong bocah kuwi mudhun saka lotèng lan masrahké marang ibuné. Èlia kandha, ”Iki anakmu wis urip.”+
-
-
2 Para Raja 4:13-17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Bar kuwi, Èlisa kandha marang Géhazi, ”Tulung kandhanana wong wédok kuwi, ’Aku wis ngrépoti kowé.+ Apa sing isa tak tindakké kanggo kowé?+ Apa ana sing kudu tak omongké marang Raja+ utawa pemimpin pasukané?’” Ning wong wédok kuwi njawab, ”Ora usah, aku ora nduwé masalah, merga uripku wis tenang karo keluargaku.” 14 Èlisa kandha, ”Dadi, apa sing isa awaké dhéwé tindakké kanggo dhèwèké?” Géhazi njawab, ”Dhèwèké ora nduwé anak lanang+ lan bojoné ya wis tuwa.” 15 Èlisa langsung kandha, ”Undangen* wong wédok kuwi.” Sakwisé diceluk, wong wédok kuwi ngadeg ing ngarep lawang. 16 Èlisa kandha, ”Taun ngarep, ing wektu sing kaya ngéné iki, kowé bakal nggéndhong anak lanang.”+ Ning wong wédok kuwi njawab, ”Aja mènèhi aku harapan palsu, Pak. Njenengan kuwi abdiné Gusti Allah sing bener.”
17 Akhiré, wong wédok kuwi meteng tenan. Setaun sakwisé Èlisa ngomong karo wong wédok kuwi, wong wédok kuwi nglairké anak lanang, kaya sing diomongké Èlisa.
-