-
Markus 4:3-9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 ”Rungokna. Ana petani sing nyebar benih.+ 4 Wektu benih kuwi disebar, ana sing tiba ing pinggir dalan, terus manuk-manuk teka lan notholi nganti entèk. 5 Benih liyané tiba ing panggonan sing lemahé sithik lan akèh watuné. Benih kuwi langsung thukul merga lemahé ora jero.+ 6 Ning, pas kena panasé matahari, benih sing thukul kuwi dadi garing lan layu merga akaré ora jero. 7 Benih liyané tiba ing antarané suket eri. Suket kuwi saya gedhé lan njiret benih kuwi nganti benih kuwi ora isa ngasilké buah.+ 8 Ning, ana benih sing tiba ing lemah sing subur. Terus, benih kuwi thukul, dadi saya gedhé, lan ngasilké buah. Buahé luwih akèh timbang sing ditandur, ana sing ping 30, ping 60, lan ping 100.”+ 9 Yésus kandha manèh, ”Sapa waé sing nduwé kuping, rungokna tenanan.”+
-
-
Lukas 8:4-8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Wektu kuwi, wong-wong saka kutha-kutha teka nemoni Yésus, lan ana akèh wong sing ngumpul. Terus, Yésus mulang wong-wong kuwi nggunakké perumpamaan iki:+ 5 ”Ana petani sing nyebar benihé. Wektu benih kuwi disebar, ana benih sing tiba ing pinggir dalan lan kepidak-pidak, terus dithotholi manuk-manuk nganti entèk.+ 6 Ana benih liyané sing tiba ing panggonan sing akèh watuné. Sakwisé thukul, benih-benih kuwi garing merga ora éntuk banyu.+ 7 Ana manèh benih sing tiba ing antarané suket eri. Benih kuwi thukul bareng karo suket eri, ning suket eri kuwi njiret benih kuwi.+ 8 Terus, ana benih sing tiba ing lemah sing subur. Sakwisé thukul, benih kuwi ngasilké buah ping 100 luwih akèh.”+ Sakwisé nyritakké kuwi kabèh, Yésus kandha, ”Sapa waé sing nduwé kuping, rungokna tenanan.”+
-