-
Matius 13:1-3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Dina kuwi, sakwisé lunga saka omah mau, Yésus lungguh ing pinggir laut. 2 Ana kumpulan wong sing teka nemoni Yésus. Mula, Yésus munggah ing prau lan lungguh ing kono, tapi kumpulan wong kuwi ngadeg ing pantai.+ 3 Terus, Yésus mulangké apa sing bener marang wong-wong kuwi nggunakké perumpamaan.+ Yésus kandha, ”Ana petani sing nyebar benih.+
-
-
Markus 4:1, 2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Yésus mulai mulang manèh ing pinggir laut, lan ana wong akèh banget sing ngumpul ing cedhaké. Mula, Yésus munggah ing prau lan lungguh ing kono. Prau kuwi rada ngedoh saka pantai, lan wong akèh kuwi tetep ana ing pantai.+ 2 Terus, Yésus mulangké apa sing bener marang wong-wong kuwi nggunakké perumpamaan.+ Yésus kandha,+
-