-
Matius 13:3-9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Terus, Yésus mulangké apa sing bener marang wong-wong kuwi nggunakké perumpamaan.+ Yésus kandha, ”Ana petani sing nyebar benih.+ 4 Wektu benih kuwi disebar, ana sing tiba ing pinggir dalan, terus manuk-manuk teka lan notholi nganti entèk.+ 5 Benih liyané tiba ing panggonan sing lemahé sithik lan akèh watuné. Benih kuwi langsung thukul merga lemahé ora jero.+ 6 Ning, pas kena panasé matahari, benih sing thukul kuwi dadi garing lan layu merga akaré ora jero. 7 Ana manèh benih sing tiba ing antarané suket eri. Suket kuwi saya gedhé lan njiret benih kuwi.+ 8 Terus, ana benih sing tiba ing lemah sing subur, lan benih kuwi ngasilké buah. Buahé luwih akèh timbang sing ditandur, ana sing ping 100, ping 60, lan ping 30.+ 9 Sapa waé sing nduwé kuping, rungokna tenanan.”+
-
-
Lukas 8:5-8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 ”Ana petani sing nyebar benihé. Wektu benih kuwi disebar, ana benih sing tiba ing pinggir dalan lan kepidak-pidak, terus dithotholi manuk-manuk nganti entèk.+ 6 Ana benih liyané sing tiba ing panggonan sing akèh watuné. Sakwisé thukul, benih-benih kuwi garing merga ora éntuk banyu.+ 7 Ana manèh benih sing tiba ing antarané suket eri. Benih kuwi thukul bareng karo suket eri, ning suket eri kuwi njiret benih kuwi.+ 8 Terus, ana benih sing tiba ing lemah sing subur. Sakwisé thukul, benih kuwi ngasilké buah ping 100 luwih akèh.”+ Sakwisé nyritakké kuwi kabèh, Yésus kandha, ”Sapa waé sing nduwé kuping, rungokna tenanan.”+
-